RASANE WONG LORO ATI YO NGENE IKI

February 18, 2013


Sumber: i.dailymail.co.uk

Pasti awakmu kabeh tau ngerasakne loro. Bah iku loro weteng, loro sirah, loro sikil e, loro tangan e, tapi seng mesti ki loro-loroen atine. Aku ngerti, aku yo tau ngerasakne loro koyok ngono kabeh. Uwong, lak loro iki kate nyapo ae ora enek seng bener. Arep turu tapi mripat gak merem-merem, arep mangan selerane ilang nyantol neng pager omahe mantan, arep mlaku lurus tapi moro-moro kesandung suster ngesot, arep ndelok tv acarane gak enek seng bergizi, arep pipis moro-moro werno pipis e pelangi, arep arep nyapo ae M, males.

Mungkin lak loro mumet utowo demam, iso diobati karo tablet utowo kapsul. Lak loro borok en, panuen dan sejenisnya, iso diobati karo salep. Tapi, lak loro ati piye? Masio to melok Herodotus keliling planet iki, numpang kapal e Christopes Colombus mampir neng Amerika, karo melok terbang neng bulan karo Neil Amstrong. Apotik seng nyediakne obat loro ati ki gak enek. Nihil hasil e.
Tapi sadar opo ora, obat seng manjur iku yo enek ndek njero dirine awakdewe. Cuma kita yang mampu menyembuhkan dan mengubah semuanya menjadi benar.

Opo maneh lak jektas putus, tisu ki sak kotak iso entek angger bengi. Iling-ilingen masa pacaran mbiyen, begitu indah dan tak terlupakan.
Lak eruh mantan nduwe pacar anyar iki, rasane pengen nyincang-nyincang pacar e kuwi. Opo maneh pacar e luwih ayu utowo ganteng, nyesek e triple lorone. Mentolo operasi plastik budal neng Korea konoh, tapi eman duik e mending digae nggolek pacar neh. Heheh.
Opo maneh mereka secara langsung/tidak langsung bermesra-mesraan di dunia maya, neng beranda metu, neng timeline metu, neng bbm yo metu pisan. Rasane ki, kobbboooong.....*langsung call 911*
Opo maneh mantan wes entuk jadian setaunan, kene sek memperingati kejom..eh, kesinglean selama setaun. #bedoanniversary

Arep move on ki yo sek lambe-lambe tok, teori ae isone, tapi praktek e uaaaangel. Tapi iki khusus seng bener-bener terlanjur cinta dan terlalu sayang, loro atine iso lebay ngene ki. Lak seng enjoy and easy going, move on ki ibarat ngentekne duren montong. Enak campur gamfang.


Tapi dibalik rasane loro ati iku, akeh hikmah seng kita lalui tapi gak kita sadari. Awakmu iso ngerti akibat suatu pilihanmu di masa lalu, iso ngelewati masa sulit untuk mencoba bangkit kembali, dan sadar masih di kasih kesempatan lain untuk mencari jodoh yang terbaik dair yang terbaik.

You Might Also Like

2 comments

  1. Betul.ngakak bacanya tapi lorone kecewa iku angel ilange sampek sekaratulmaut jg pasti sek inget kecuali amnesia. Trs piye haha

    ReplyDelete
  2. Rasane ki o podo,jiant susah ngilangke roso umpomo iso e est tak kelekke kali,tak timbuk go watu item,dipendem pokokem ben ilang

    ReplyDelete

Subscribe