AREP LAPO LAPO MALES

December 25, 2012

Sumber: garfield.com

Akhir-akhir iki, rasane jan muales nyapo-nyapo. Males sekolah, males beraktivitas, males pacaran kecuali mangan. Lak mangan aku jos, kadang sekali mangan entek telung piring. Sak piring sak centong sak centong, sithik tapi akeh. Tapi males e lak kakean mangan mesti bobotku nambah o. Lak bobot nambah kan ngko gebetan karo mantan menjauh? Jodoh yo menjauh, alaak... kudu piye. Ojo ngongkon aku ngombe jamu utowo obat penurun badan yo? Aku lebih milih gendut daripada kenek efek samping obat elek sejenis ngunu kui. Lagian sesok jodohku yo milih aku apa adanya, bah aku gendut opo krempeng seng penteng nikah trus nduwe anak trus nduwe omah dewe trus yowes bahagia. Asyiiiik. Sek suwi tapi iku rek, suwiii.

Saiki aku konsentrasi disek ndek sekolahku, maringene garek pirang ulang ngkas aku wes dadi arek kuliahan lho. Wes entuk julukan mahasiswa, artine siswa dewasa. Tapi saiki sek kelas telu, pas tepak puncak-puncak e mumet mikiri masa depan.
Ditambah masa ngene iki angel golek pacar, alesane? Soal e akeh seng sibuk karo bingung mikiri kelanjutan sekolah, dadi sejenis asmara ngunu kui dikesampingkan. Saiki delok en ae, iki fakta, prosentasi arek pacaran mulai kelas 1 sampek 3, seng rendah dewe kelas 3. Kelas 3 uakeh seng jomblo, yo...koyok...seng ngomong iki. Jomblone wes karatan tapi gak popo, sesok bojoku dilapisi emas platinum. Amin, eh, ewangono ngamini to. Hueheh.

Aneh tapi nyata, wayae kelas telu ngene ki 'kan serius. Tapi rasane ki jan mualeees nemen. Opo maneh karo pelajaran, jan buthek koyok peceren ngono wes. Lak jam pelajaran sering mbolos, mbolos neng kantin, mangan-mangan siomay. Lak pas ulangan, sistem e kebut malam mesti. Remidi gak remidi, iku istilah e opo jare konco. Lak seng pinter gak remidi, kabeh yo gak remidi. Lak seng  pinter remidi, yo sak kelas remidi berjamaah.
Males iki gak enek obat penawar e. Sek mending kangen, obat penawar e iso ketemu. Lak males? Digolek i neng sor longan karo ngisor jembatan ra kiro ketemu obat e. Obat e enek ndek awakdewe, tergantung kita sendiri.


Lak males iki poseku.
Yowes lah, aku pokok e males. Males karo iku, iki, karo iko wes. Muales nemen.

You Might Also Like

0 comments

Subscribe