Ayo Semangat UNAS 2013, rek!

April 06, 2013

 
Gak kroso, maringene ujian kelulusan. H-8. Masa aktif nggae seragam meh entek, rasane emoh ngelepas kabeh-kabeh seng menyangkut sekolah. Sek pengen ngambu jamban sekolah, sek pengen mangan cilok neng kantin lor utowo kidul, yo sek pengen nggolek pacar neng sekolah. Sek pengen ngapalne endi pak sajid endi pak untung. Tapi piye neh, ban e wes muter gak kiro mandek. Trae wes waktune metu teko sekolah, lak suwi-suwi neng sekolah guru-guru karo jin penunggu sekolah yo waleh neng awekdewe. Iyo lak wajah e awakdewe ayu-ganteng sek doyan jin e, wes jomblo karo standart ngene iki...rapayu. Ahaha...hahahaguyonrekguyonhaha...hahaaha.

Iling UNAS 20 paket plus nggae kode barcode ki tiap mangan rasane senep, tiap pipis rasane anyang-anyangen, tiap turu pisan yo rasane ra uenak...loro untu soal e. Oke, lanjut.

Saiki arep nggantungne sms e server karo wong pinter ki percuma, saiki, wes wayae awakdewe mandiri! Jadilah siswa yang benar-benar teladan dan tunjukkan budi pekerti yang baik. Pemerintah ngelakoni iki kabeh yo gak karena tanpa alasan. Ben awakdewe iso mandiri, ben karakter e awakdewe metu. Walopun toh UNAS iku peran e mekgur barometer nilai kognitif e awakdewe selama telung taun mati-urip neng bangku sekolah.
Disisi lain, tujuan pemerintah yo pengen generasi muda saiki lebih baik daripada sebelumnya. Diharapkan iso mbenakne 3 struktur (sosial, ekonomi dan politik) seng saiki sek ajur-ajuran neng Indonesia. 
Maka dari itu, ayo rek semangat sinau. Percoyo to, arek goblok iku gak enek. Enek e arek-seng-gak-gelem-sinau. Bukak en bukumu, wocoen, pelajarono, celekno matamu lak bengi-bengi sinau daripada begadang ndelok dunia lain. 20 paket rek, 20 paket! Ojo ngeremehne. Tapi yo ojo down, kalian pasti lulus kok, pasti iku. Sekolah wes ngaji, ngarang bijimu ben iso lulus. Tapi, awakmu opo gelem nilaimu elek dewe? Mangkane, sinau. Sinau iku gak nggarai awakmu mati, gak nggarai awakmu keluwen, gak nggarai awakmu putus karo pacarmu, yo gak nggarai awak entuk pacar pisan seh sakjane. Tapi yo panggah sinau kuduan. Piye-piye o yo kudu mbukak buku. Lak gak gelem moco, yowes njajal soal-soal seng enek pembahasan e. Arek pinter seng neng kelasmu yo males nyontoi awakmu utowo nguruk i awakmu pas ujian lak awakmu dewe gak enek usaha-usahane blas.




Lak bengi neng tengah-tengah yo tangi, solat tahajud njaluk dungo ben dilancarne ujian e. Aku yo ndungo, mugo ae kabeh sak kabehane peserta unas 2013 lulus 100%! Karo lak pas hari eksekusi gak enek seng loro, kabeh teko sehat walafiat. Amin yo rek, amin. Sukses ujian e, sukses kabehane. Keinginane terwujud, banggakne iku wong tuwek e samean-samean kabeh. Amin maneh, amin amin Ya Allah...

You Might Also Like

1 comments

Subscribe